parikan basa jawa

Parikan Pacelaton lucu utawa ing Bahasa Indonesia diarani dialog lucu versi Bahasa Jawa Petruk : “Kang apike wayah awan-awan ngene iki gojekan karo parika ya!” Gareng : “Apa ora kepenak tetembangan wae?” Petruk : “Yo parikan karo tetembangan yo isoh!” Gareng : “Yo wis wiwitana dhisik!” Petruk : “Preman garang mangane telo, suwe ora perang isih wani po?” Gareng : “We ngajak perang ki!” Tuku wedi diusungi, aku ora wedi tak tandhangi Petruk : “Godhong garing dipangan uler Kang Gareng senengane ngiler” Gareng : “Mbah brintik lagi susuran, bocah cilik ora sah pethakilan.” Petruk : “Tuku cukilan ing njero pager.” Gareng : “Terus…?” Petruk : “Yo ben pethakilan ning nak pinter.” Gareng : “Gawe pager ojo bolong, pinter dari Hongkong?” Petruk : “Ganti nembang wae kang nggone Didi Kempot!” Gareng : “Lagu kesukaanku ya” Jambu alas kulite ijo Sing digagas uwis nduwe bojo Petruk : “Wah mesthi kisah pribadi karo yu Marni” Gareng : “Mbahmu kuwi, kowe genti opo nduwe lagu sing ana parikane?” Petruk : “Mbahku yo mbahmu, hayoo. Aku ya nduwe, iki ungkapan hatiku” Senthir lengo potro Sing dipikir kok ora rumangsa Gareng : “Sama saja alias sami mawon, cinta tak terbalas.” Kembang jambu gogrok dipangan uler Cintaku sekonyong-konyong koder Petruk : “Nasibe awake dhewe padha ya kang!” Kapetik saking : LKS NGUDI KAWRUH BASA JAWA KTSP KELAS X 

Copy and WIN : http://ow.ly/KNICZ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar